Opera Van Java
Opera Van Java (dicekak OVJ) ya iku acara komedi ing stasiun tivi Indonésia, Trans 7. Idhé acarané ya iku pentas wayang wong versi moderen.[1] ing OVJ, aktor lan aktris kang ngisi acara diwènèhi aba-aba kanggo improvisasi tanpa ngapalaké naskah sadurungé lan dipandhu dhalang.[1] Para wayang dimainké karo pelawak, ya iku Nunung Srimulat, Azis Gagap, Andre Taulany, dan Sule. Dhalang dimainké Parto Patrio.[2] Ana uga kang main musik tradhisional piranti musik jawa lengkap lan sinden kang nyanyiké lagu pop.[2] OVJ uga kerep ngundang bintang tamu ing saben-saben épisode.[2] Lakon-lakon kang dimainké racaké babagan carita rakyat Indonésia kang dimodifikasi, carita babagan karir wong kang kaloka, carita carangan, carita sétan, carita saka nagara liya, utawa carita-carita kang lagi populèr.[1] Sahur OVJIng sasi Ramelan taun 2009 lan 2010, OVJ uga duwé acara spesial Ramelan kang judhulé Sahurnya OVJ.[1] Disiarké ing wayah saur, lan uga dadi favorit ing wayah saur.[1] Opera Van Java AwardsIng dina Sabtu, 11 Juni 2011, OVJ metu karo désain kang bdéa, ya iku Opera Van Java Awards.[2] Disiarké mirib kaya acara Panasonic Gobel Awards, nanging tetep ajeg ana adegan lucuné.[2] Opera Van Java Sabtu Malam Kite LagiOpera Van Java Sabtu Malam Kite Lagi menika program sketsa wayang ingkang mbangkitaken malih era OVJ tahun 2008-2014 ingkang dipunperanaken kaliyan Sule, Andre Taulany, Parto Patrio, Azis Gagap, Nunung. OVJ Sabtu Malam Kite Lagi tayang wiwit 16 Januari 2021 nganti 11 April 2021 wanci jam 20.30 WIB saben dina Setu
Cathetan suku
|
Portal di Ensiklopedia Dunia