T.R.I.A.D
T.R.I.A.D (rumiyin The Rock) inggih punika band ingkang aliranipun rock ingkang wonten ing Indonésia.[1] Band punika kalebet proyek sampingan saking personil Déwa 19, Ahmad Dhani, lan taksih ing ngandhapipun manajemen Républik Cinta, kados déné Dewi Dewi lan Andra and The BackBone.[1] Anggota sanèsipun inggih punika tilas anggota band underground saking Australia, Fire Shark, inggih punika Mark Williams, Zachary Haidee-Keene, Michael Bennett, Clancy Alexander Tucker.[1] Album ingkang nomer satunggal Master Mister Ahmad Dhani I ingkang dipunrilis tanggal 30 Agustus 2007.[1] Album kasebat ndadosaken hits "Munajat Cinta".[1] BiografiWiwitanipunWiiwtanipun damel grup The Rock punika nalika Ahmad Dhani taksih ngrekam albumipun ing salah satunggalipun studio ing Australia, lan kepanggih keliyan anggota Fere Shark.[2] Ide kolaborasi damel The Rock wiwitanipun saking wawan pangandikan antawisipun Dhani kaliyan gitaris Fere Shark, Clancy Alexander Tucker.[2] Amargi Dhani kaliyan Fire Shark sami-sami péngin go international, salajengipun dipunwujudaken grup musik énggal ingkang dipunparingi nama The Rock.[2] Nanging Dhani boten badhé nilaraken Déwa 19 lan Fire Shark ugi boten bibar.[2] Master Mister Ahmad Dhani IAlbum ingkang nomer satunggal, Master Mister Ahmad Dhani I, dipunrilis nalika tanggal 30 Agustus 2007.[2] Album punika gadhah isi 3 lagu ingkang enggla inggih punika "Munajat Cinta", "Kamu-kamulah Surgaku", lan "Aku Bukan Siapa-Siapa". Kajawi punika album punika ugi kaisi saking lagu sanèsipun ingkang kalebet aransemen malih (remix) lagu-lagu ingkang sampun lawas ingkang dipunripta déning Ahmad Dhani saking Déwa 19, Ahmad Band, lan lagu ingkang naté dipunnyanyikaken déning Ari Lasso, "Rahasia Perempuan".[2] Sepalih saking lagu ing album punika aliranipun rock, nanging ugi wonten aransemen ingkang aliranipun swing.[2] Singel saking album punika inggih punika "Munajat Cinta" ingkang dados hits.[2] Album
Cathetan sukuPranala njawi
|
Portal di Ensiklopedia Dunia